Sarat Layanan Workplace


SAMPEYAN NJAMIN LAN NUDUHAKE YEN SAMPEYAN MLEBU SARAT WORKPLACE ONLINE IKI (“PERJANJIAN”) MINANGKA JENENGE PERUSAHAAN UTAWA ENTITAS LEGAL LIYANE, LAN SAMPEYAN NDUWE OTORITAS SING JANGKEP KANGGO NGIKET ENTITAS KUWI MENYANG PERJANJIAN IKI. REFERENSI SABANJURE KANGGO “SAMPEYAN”, “SING SAMPEYAN DUWENI” UTAWA “LANGGANAN” TEGESE ENTITAS KUWI.
Yen sampeyan nduwe panggonan bisnis utama ing AS utawa Kanada, Perjanjian iki tegese perjanjian antarane sampeyan lan Meta Platforms, Inc. Yen ora,Perjanjian iki tegese perjanjian antarane sampeyan lan Meta Platforms Ireland Ltd. Referensi kanggo “Meta”, kita, utawa “sing kita duweni” tegese Meta platforms, Inc. utawa Meta Platforms Ireland Ltd., gumantung sing ditrapake.
Istilah ing ngisor kudu ditrapake marang panggunaan sampeyan tumrap Workplace. Sampeyan ngakoni yen fitur lan fungsi Workplace bisa uga beda, lan bisa uga berubah miturut wektu.
Istilah tartamtu sing nganggo aksara gedhe ditemtokake ing Bagean 12 (Dhefinisi) lan sing liyane ditemtokake ing Perjanjian iki.
  1. Panggunaan Workplace
    1. Hak Panggunaan Sampeyan. Ing sajrone Jangka Wektu, sampeyan nduwe hak non-eksklusif, sing ora bisa dipindhahake, ora bisa disublisensi kanggo ngakses lan nggunakake Workplace miturut Perjanjian iki. Panggunaan Workplace diwatesi kanggo Pangguna (kalebu, yen ditrapake, Afiliasi sampeyan) sing akune sampeyan aktifake, lan sampeyan nduwe tanggung jawab marang kabeh Pangguna lan kepatuhane karo Perjanjian iki lan aksese, lan panggunaan Workplace dening dheweke. Supaya luwih cetha, Workplace disedhiyakake minangka layanan kanggo sampeyan, dudu kanggo Pangguna kanthi individu.
    2. Akun. Informasi pandhaptaran lan akun admin sampeyan kudu bener, jangkep, lan kudu tetep sing paling anyar. Akun pangguna kuwi kanggo Pangguna individu lan ora bisa diandumake utawa dipindhahake. Sampeyan kudu njaga kabeh kredensial mlebu tetep rahasia lan setuju kanggo langsung ngabari Meta yen nemokake panggunaan sing ora sah marang akun utawa kredensial mlebu sampeyan.
    3. Watesan. Sampeyan ora bakal (lan ora bakal ngidini wong liyane): (a) nggunakake Workplace minangka jenenge pihak katelu endi wae utawa nyewakake, menehi akses utawa menehi sublisensi Workplace menyang pihak katelu endi wae, kajaba Pangguna sing diidini ing dokumen iki; (b) ngrekayasa maneh, ndekompilasi, mbongkar, utawa ngupayakake supaya entuk kode sumber menyang Workplace, kajaba diidini kanthi teges dening ukum sing ditrapake (banjur mung sawise ngabari Meta dhisik); (c) nyalin, ngganti, utawa nggawe karya turunan saka Workplace; (d) mbusak, ngganti, utawa nyamarake pawarta kapamilikan utawa pawarta liyane sing ana ing njerone Workplace; utawa (e) nyebarake informasi teknis menyang umum babagan kinerja Workplace.
    4. Persiyapan. Nalika nyiapake instance Workplace, sampeyan bakal netepake siji Pangguna utawa luwih minangka administrator sistem komunitas Workplace sampeyan, sing tanggung jawab kanggo ngatur instance Workplace. Sampeyan kudu mesthekake nduwe minimal siji administrator sistem sing terus aktif kanggo instance Workplace.
    5. API Workplace. Sajrone Jangka Wektu, Meta bisa nyedhiyakake salah siji API Workplace kanggo sampeyan, supaya sampeyan bisa ngembangake lan nggunakake layanan lan aplikasi sing njangkepi panggunaan Workplace. Saben panggunaan API Workplace dening sampeyan, pangguna sampeyan, utawa pihak katelu minangka jeneng sampeyan kudu diatur dening Sarat Platform Workplace sing ditrapake, sing saiki kasedhiya ing workplace.com/legal/WorkplacePlatformPolicy, kayadene sing diganti dening Meta kanthi rutin.
    6. Dhukungan. Kita bakal nyedhiyakake dhukungan Workplace kanggo sampeyan liwat tab dhukungan langsung ing panel admin Workplace (“Saluran Dhukungan Langsung”). Sampeyan bisa ngirim panjalukan dhukungan kanggo mangsuli pitakonan, utawa nglapurake masalah, sing gegandhengan karo Workplace, kanthi ngajokake tiket liwat Saluran Dhukungan Langsung (“Tiket Dhukungan”). Kita bakal nyedhiyakake tanggapan awal kanggo saben Tiket Dhukungan nganti 24 jam saka wektu sampeyan nampa konfirmasi email yen Tiket Dhukungan sampeyan wis diajokake kanthi valid liwat Saluran Dhukungan Langsung.
  2. Data lan Kuwajiban Sampeyan
    1. Data Sampeyan. Miturut Perjanjian iki:
      1. Sampeyan nduweni kabeh hak, kapemilikan, lan kepentingan (kalebu hak kekayaan intelektual) ing lan kanggo Data Sampeyan;
      2. Sajrone Jangka wektu, sampeyan menehi hak non-eksklusif, kanggo sakndonya, sing bebas royalti, lan sing dibayar jangkep kanggo nggunakake Data Sampeyan mung kanggo nyedhiyakake Workplace (lan dhukungan sing gegandhengan) kanggo sampeyan, sing manut karo Perjanjian iki; lan
      3. sampeyan ngakoni yen Meta kuwi pamroses data lan sampeyan kuwi pangontrol data saka Data Sampeyan, lan kanthi mlebu menyang Perjanjian iki, sampeyan mrentah Meta supaya mroses Data Sampeyan minangka jeneng sampeyan, mung kanggo tujuan sing ditemtokake ing Perjanjian iki lan miturut Perjanjian iki (kalebu Adendum Pamrosesan Data).
    2. Kuwajiban Sampeyan. Sampeyan setuju (a) sampeyan nduwe tanggung jawab sakabehe kanggo akurasi lan isi Data Sampeyan; (b) kanggo ngentukake kabeh hak lan pasetujon sing dibutuhake, sing diwajibake dening Ukum saka Pangguna sampeyan lan pihak katelu sing ditrapake kanggo ngidini pangumpulan lan panggunaan Data Sampeyan kaya sing dimaksudake ing Perjanjian iki; lan (c) yen panggunaan sampeyan tumrap Workplace, kalebu Data Sampeyan lan panggunaane miturut Perjanjian iki, ora bakal nglanggar Ukum utawa hak pihak katelu, kalebu hak kekayaan intelektual, privasi, utawa hak panerbitan. Yen salah siji Data Sampeyan sing dikirim utawa digunakake nglanggar Bagean 2 iki, sampeyan setuju mbusak kuwi sak cepete saka Workplace. Sampeyan nduwe tanggung jawab sakabehe kanggo keputusan ngandumake Data Sampeyan menyang Pangguna utawa karo pihak katelu, lan Meta ora nduwe tanggung jawab tumrap panggunaan, akses, owah-owahan, panyebaran, utawa pambusakan Data Sampeyan dening wong-wong sing dadi tujuan sampeyan utawa Pangguna sampeyan nyedhiyakake kuwi.
    3. Data sing Dilarang. Sampeyan setuju ora ngirimake informasi utawa data menyang Workplace sing ana ing njerone pangamanan lan/utawa watesan babagan distribusine miturut undang-undang lan/utawa aturan sing ditrapake (“Informasi sing Dilarang”). Gegandhengan karo informasi kesehatan, sampeyan ngakoni yen Meta dudu Mitra Bisnis utawa subkontraktor (sing istilah kuwi ditemtokake ing Undang-Undang Asuransi lan Akuntabilitas Kesehatan (“HIPAA”)) lan Workplace ora manut karo HIPAA. Meta ora bakal nduwe kuwajiban adhedhasar Perjanjian iki kanggo Informasi sing Dilarang, tanpa ndeleng apa wae sing dinyatakake suwalike ing dokumen iki.
    4. Ganti rugi. Sampeyan bakal mbelani, ngganti rugi, lan mbebasake Meta (lan Afiliasine, direktur, pejabat, karyawan, agen, lan wakile) saka lan tumrap kabeh klaim (saka pihak katelu lan/utawa Pangguna), beya, kerugian, kuwajiban, lan ragad (kalebu beya pengacara sing lumrah) sing disebabake utawa sing ana ubungane karo planggaran utawa diduga planggaran tumrap Bagean 2 utawa sing gegandhegan karo Data Sampeyan, Kabijakan Sampeyan, utawa panggunaan Workplace sing nglanggar Perjanjian iki. Meta bisa uga partisipasi ing tumindak mbelani lan ngrampungake klaim kaya mengkono nggunakake penasihat lan beya dhewe. Sampeyan ora entuk ngrampungake klaim apa wae tanpa pasetujon sing ditulis saka Meta dhisik yen tumindak ngrampungake kuwi majibake Meta supaya tumindak, nahan tumindak, utawa ngakoni kuwajiban.
    5. Cadhangan lan Pambusakan Data. Meta ora nyedhiyakake layanan arsip lan sampeyan nduwe tanggung jawab sakabehe kanggo nggawe cadhangan Data Sampeyan. Sampeyan bisa mbusak Data Sampeyan sing ana isine konten Pangguna kapan wae sajrone jangka wektu liwat fungsi administrator sistem Workplace.
    6. Data Agregat. Adhedhasar Perjanjian iki, kita uga bisa ngasilake data statistik lan analitik gabungan sing asale saka panggunaan Workplace sampeyan (“Data Agregat”), nanging Data Agregat kaya mengkono ora bakal ngatutake Data Sampeyan utawa data pribadhi.
  3. Keamanan Data
    1. Keamanan Data Sampeyan. Kita bakal nggunakake tumindak pencegahan teknis, organisasional, lan keamanan sing dirancang kanggo nglindhungi Data Sampeyan sing kita duweni tumrap akses ora sah, owah-owahan, tumindak mbukak utawa ngrusak, sing diterangake ing Adendum Keamanan Data.
    2. Mbukak Data miturut Ukum lan Panjalukan Pihak Katelu. Biasane sampeyan nduwe tanggung jawab kanggo nanggapi panjalukan pihak katelu sing gegandhengan karo Data Sampeyan, kayata saka regulator, Pangguna, utawa lembaga penegakan ukum (“Panjalukan Pihak Katelu”), nanging sampeyan mangerteni yen, nalika nanggapi Panjalukan Pihak Katelu, Meta bisa uga mbukak Data Sampeyan supaya manut karo kuwajiban ukume. Ing kahanan kaya mengkono, kita bakal, yen diidini dening ukum lan sarat Pihak Katelu, nggunakake upaya sing wajar kanggo (a) ngabari yen kita nampa Panjalukan Pihak Katelu lan njaluk pihak katelu supaya ngubungi sampeyan lan (b) nyanggupi panjalukan sing wajar saka sampeyan, sing gegandhengan karo upaya sampeyan nglawan Panjalukan Pihak Katelu kanthi beya saka sampeyan. Sampeyan bakal ngupayakake dhisik anggone ngentukake informasi sing dibutuhake kanggo nanggapi dhewe Panjalukan Pihak Katelu, lan mung bakal ngubungi kita yen sampeyan ora bisa ngentukake informasi kaya kuwi kanthi wajar.
  4. Pambayaran
    1. Beya. Sampeyan setuju kanggo mbayar beya standar menyang Meta kanggo Workplace (saiki kasedhiya ing kene: https://www.workplace.com/pricing) kanggo panggunaan Workplace sampeyan, sing manut karo periode nyoba gratis kaya sing diterangake ing Bagean 4.f (Nyoba Gratis), kajaba disetujoni liyane ing njerone dokumen katulis sing diwenehi tapak asta. Kabeh beya miturut Perjanjian iki bakal dibayar ing USD, kajaba ditemtokake liyane ing prodhuk, utawa kajaba disetujoni liyane ing njerone dokumen katulis sing diwenehi tapak asta. Kabeh beya bakal dirampungake kanthi jangkep miturut metode pambayaran sing manut karo Bagean 4.b. Saben pambayaran sing telat bakal kena beya layanan sing padha karo 1,5% saka jumlah sing jatuh tempo saben wulan utawa jumlah maksimum sing diidini dening ukum, endi wae sing luwih sithik.
    2. Metodhe Pambayaran. Nalika sampeyan mlebu Perjanjian iki, sampeyan setuju kanggo ngrampungake beya miturut salah siji saka rong kategori pambayaran: (i) langganan ngenggo kertu pambayaran (mbayar kanthi langsung, utawa liwat platform pambayaran pihak katelu), utawa (ii) langganan sing ditagih, kayadene sing ditemtokake ing kabijakane Meta. Langganan ngenggo kertu pambayaran bisa uga (miturut kabijakane Meta dhewe) dadi langganan sing ditagih (lan suwalike) adhedhasar faktor kaya jumlah Pangguna lan kelayanan kredit, nanging Meta nduwe hak kanggo nggolongake maneh sampeyan minangka langganan nganggo kertu pambayaran utawa langganan sing ditagih kapan wae.
      1. Langganan Ngenggo Kertu Pambayaran. Langganan nganggo kertu pambayaran bakal kena beya kartu pambayaran sing ditemtokake kanggo panggunaan Workplace.
      2. Langganan sing Ditagih. Langganan sing ditagih bakal didawakake lini kredite dening Meta lan bakal diwenehi tagihan saben wulan, kajaba disetujoni sing liyane ing njerone dokumen katulis sing diwenehi tapak asta. Yen digolongake minangka langganab sing ditagih, sampeyan bakal mbayar kabeh beya sing jatuh tempo miturut Perjanjian iki, kanthi dana sing jangkep lan bisa digunakake kaya sing diatur dening kita, sajrone 30 dina awit tanggal tagihan.
      3. Sampeyan setuju yen kita nampa lapuran kredit bisnis sampeyan saka biro kredit nalika nampa Perjanjian iki, utawa kapan wae sawise wektu kuwi.
    3. Pajek. Kabeh beya dinyatakake ora kalebu pajek sing ditrapake, lan sampeyan diwajibake mbayar lan nanggung saben dodolan, panggunaan, GST, nilai tambah, potongan, utawa pajek utawa beya sing memper, sing sipate domestik utawa asing, sing ana ubungane karo transaksi miturut Perjanjian iki, sak liyane pajek adhedhasar pangasilan Meta. Sampeyan bakal mbayar sakabehe jumlah sing jatuh tempo miturut Perjanjian iki tanpa ganti rugi, disuda, utawa dipotong. Pambayaran apa wae sing sampeyan tindakake adhedhasar Perjanjian iki manut karo kabijakan disuda utawa dipotong, sampeyan nduwe tanggung jawab mbayar kanthi jumlah sing tepat menyang otoritas pajek sing bener lan nduwe tanggung jawab finansial tumrap bunga, penalti, denda, utawa kuwajiban liyane sing disebabake sampeyan gagal ngirimake pajek kuwi kanthi pas wektune menyang otoritas utawa lembaga pamarentah sing tepat. Sampeyan ngakoni lan nampa yen sampeyan ngakses lan nggunakake Workplace ing alamat tagihan sing kadhaptar ing Perjanjian iki utawa sing diwenehake marang kita kanthi katulis lan yen alamat kuwi ana ing AS, kita bakal nagih pajek dodolan/panggunaan sing ditrapake ing panggonan alamat tagihan sampeyan. Yen otoritas pajek negara bagean AS nyatakake yen Meta kudu narik pajek saka sampeyan, lan sampeyan mbayar pajak kuwi kanthi langsung menyang negara bagean, sampeyan setuju menehake bukti marang kita yen pajek kuwi wis dibayar (kanggo ngyakinake otoritas pajek kuwi) ing sajrone 30 dina awit panjalukan sing katulis kanggo kuwi. Sampeyan setuju kanggo ngganti rugi kita tumrap kurange pambayaran utawa pajek sing durung dibayar, denda, utawa bunga.
    4. Penangguhan. Tanpa ngaruh marang hak-hak kita sing liyane miturut Perjanjian iki, yen sampeyan ora mbayar beya nganti tanggal jatuh tempo, kiat bisa nangguhake kabeh utawa sebagean layanan Workplace (kalebu akses menyang layanan sing mbayar) nganti pambayaran ditindakake kanthi jangkep.
    5. Akses Gratis Workplace kanggo Kabecikan. Tanpa ndeleng Bagean 4.a, yen sampeyan ngajokake akses gratis miturut program Workplace kanggo Kabecikan lan meta nemtokake yen sampeyan layak miturut kabijakan Meta (saiki referensine disedhiyakake ing https://work.workplace.com/help/work/142977843114744) kita bakal nyedhiyakake Workplace kanggo sampeyan kanthi gratis miturut kabijakan kuwi ing sesuk mben. Yen minangka asile owah-owahan ing kabijakan kita, sampeyan ora layak kanggo akses gratis, banjur Meta bakal menehi sampeyan wara-wara telung (3) sasi sadurunge babagan prakara iki lan sawise wara-wara kuwi, Bagean 4.a bakal ditrapake.
    6. Nyoba Gratis. Miturut kabijakane dhewe, Meta bisa nawakake nyoba Workplace gratis menyang sampeyan kanggo jangka wektu tartamtu, sing durasine bakal ditemtokake miturut kabijakane Meta dhewe lan dilantarake menyang sampeyan liwat panel admin instance Workplace. Ing pungkasan wektu nyoba gratis, Bagean 4.a (Beya) bakal ditrapake.
  5. Kerahasiaan
    1. Kuwajiban. Saben pihak setuju yen kabeh informasi bisnis, teknis, lan finansial sing dientukake (minangka “Pihak Panampa”) saka pihak sing mbukak sing gegandhengan karo Perjanjian iki (“Pihak sing Mbukak”) kuwi dadi hak milik rahasia Pihak sing Mbukak (“Informasi Rahasia”), yen diidhentifikasi minangka rahasia utawa hak milik ing wektune dibukak utawa kudu diweruhi kanthi wajar dening Pihak Panampa minangka rahasia utawa dadi hak milik amarga sipat informasi sing dibukak lan kahanan sakiwatengene pambukaan kuwi. Kajaba diidini kanthi teges ing dokumen iki, Pihak Panampa bakal (1) njaga rahasiane lan ora mbukak Informasi Rahasia menyang pihak katelu lan (2) ora nggunakake Informasi Rahasia kanggo tujuan apa wae sak liyane netepi kuwajibane lan nindakake hak sing diduweni miturut Perjanjian iki. Pihak Panampa bisa mbukak Informasi Rahasia menyang karyawan, agen, kontraktor, lan wakile liyane sing butuh ngerti kanthi sah (kalebu Meta, Afiliasine, lan subkontraktor sing ditetepake ing Bagean 11.j), yen dheweke kuwi kaiket menyang kuwajiban kerahasiaan sing sipate meh padha nglindhungi tumrap Informasi Rahasia Pihak sing Mbukak kayadene diatur ing Bagean 5 iki lan Pihak Panampa tetep nduwe tanggung jawab marang manute wong kuwi tumrap sarat Bagean 5 iki.
    2. Pangecualian. Kuwajiban Pihak Panampa ora bakal ditrapake kanggo informasi sing bisa didokumentasi dening Pihak Panampa: (a) kanthi sah diduweni utawa diweruhi sadurunge nampa Informasi Rahasia; (b) lagi proses utawa wis dadi kaweruh umum liwat cara sing dudu kesalahane Pihak Panampa; (c) dientukake kanthi sah dening Pihak Panampa liwat pihak katelu tanpa nglanggar kuwajiban kerahasiaan apa wae; utawa (d) dikembangake kanthi bebas dening karyawan Pihak Panampa sing ora nduwe akses marang informasi kuwi. Pihak Panampa bisa mbukak informasi nganti sing diwajibake dening Ukum utawa prentah pengadilan, yen (kajaba dilarang dening Ukum) Pihak Panampa ngabari Pihak sing Mbukak sadurunge lan kerja bareng ngupayakake supaya entuk perlakuan sing rahasia.
    3. Prentah Ganti Rugi saka Pengadilan. Pihak Panampa ngakoni yen panggunaan utawa pambukaan Informasi Rahasia sing nglanggar Bagean 5 bisa nyebabake rugi akeh sing rugine kuwi dhewe ora cukup kanggo mbalekake, lan mula, amarga panggunaan utawa pambukaan informasi sing diancam utawa sak nyatane dening Pihak Panampa, Pihak sing Mbukak nduwe hak nggolek ganti rugi sing pantes lan adil sak liyane upaya hukum liyane sing bisa uga diduweni.
  6. Hak Kekayaan Intelektual
    1. Kapemilikan Meta. Iki Perjanjian kanggo ngakses lan nggunakake Workplace, lan ora ana hak kapemilikan sing diwenehake menyang Langganan. Meta lan sing menehi lisensi nduwe kabeh hak, kapemilikan, lan kepentingan (kalebu kabeh hak kekayaan intelektual) ing lan menyang Workplace, Data Agregat, saben lan kabeh teknologi sing gegandhengan sing dadi dhasare, lan saben karya turunan, modifikasi, utawa pangapikan menyang apa wae sing disebut ing ndhuwur dening utawa minangka jenenge Meta, kalebu adhedhasar Masukan sampeyan (sing ditetepake ing ngisor). Ora ana hak sing diwenehake menyang sampeyan kajaba dinyatakake kanthi teges ing Perjanjian iki.
    2. Masukan. Yen sampeyan ngirim komentar, pitakonan, saran, kasus panggunaan, utawa masukan liyane sing gegandhengan karo panggunaan Workplace sampeyan utawa API utawa prodhuk utawa layanan kita sing liyane (“Masukan”), Kita bisa bebas nggunakake utawa manpangatake Masukan kuwi sing gegandhengan karo salah siji prodhuk utawa layanan kita utawa sing diduweni Afiliasi kita, tanpa kuwajiban utawa ganti rugi menyang sampeyan.
  7. Wewaler
    META KANTHI TEGES NOLAK SABEN LAN KABEH JAMINAN LAN PRANYATAN APA WAE, SING DINYATAKAKE KANTHI JELAS UTAWA ORA, UTAWA PRANYATAN UKUM, KALEBU SABEN JAMINAN SING DIDADEKAKE DAGANGAN, KACOCOGAN KANGGO TUJUAN TARTAMTU, HAK MILIK UTAWA SING ORA NGLANGGAR. KITA ORA NJAMIN YEN WORKPLACE BAKAL ORA KAGANGGU UTAWA BEBAS KESALAHAN. KITA BISA NGIDINAKE PIHAK KATELU KANGGO NGEMBANGAKE SARTA NYEDHIYAKAKE LAYANAN LAN APLIKASI SING NGARUH MARANG PANGGUNAAN WORKPLACE SAMPEYAN UTAWA KITA BISA NGIDINAKE WORKPLACE DIGABUNGAKE KARO LAYANAN LAN APLIKASI LIYANE. META ORA NDUWE TANGGUNG JAWAB TUMRAP LAYANAN UTAWA APLIKASI SING SAMPEYAN PILIH KANGGO DIGUNAKAKE SING GEGANDHENGAN KARO WORKPLACE. PANGGUNAAN SAMPEYAN TUMRAP LAYANAN UTAWA APLIKASI KUWI MANUT KARO SARAT LAN KABIJAKAN SING KAPISAH SARTA SAMPEYAN NGAKONI LAN SETUJU YEN RISIKO PANGGUNAAN KUWI SAMPEYAN TANGGUNG DHEWE.
  8. Watesan Kuwajiban
    1. KAJABA KLAIM SING ORA DIKATUTAKE (DITEMTOKAKE ING NGISOR):
      1. ORA ANA PIHAK SING BAKAL TANGGUNG JAWAB TUMRAP RUGI AMARGA PANGGUNAAN, DATA SING ILANG UTAWA ORA AKURAT, GANGGUAN BISNIS, BEYA AMARGA KATUNDHA, UTAWA RUGI SING ORA LANGSUNG, UTAWA KONSEKUENSIONAL APA WAE (KALEBU KELANGAN BATHI), TANPA NDELENG WUJUD TUMINDAKE, APA ING NJERONE KONTRAK, TUMINDAK NGLAWAN UKUM (KALEBU TUMINDAK SING TELEDOR), TANGGUNG JAWAB SING KETAT UTAWA LIYANE, SANAJAN WIS DIWENEHI WERUH KAMUNGKINAN RUGI KAYA MENGKONO SADURUNGE. LAN
      2. SAKABEHE KUWAJIBAN PIHAK KATELU MENYANG PIHAK LIYANE ORA OLEH NGLUWIHI JUMLAH SAK NYATANE SING DIBAYAR UTAWA DIUTANG DENING LANGGANAN MENYANG META ING SAJRONE ROLAS (12) WULAN SADURUNGE ADHEDHASAR PERJANJIAN IKI UTAWA, YEN ORA ANA BEYA SING DIBAYAR UTAWA DIUTANG SAJRONE PERIODE KUWI, SEPULUH EWU DOLAR ($10.000).
    2. Kanggo tujuan Bagean 8 iki, “Klaim sing Ora Dikatutake” tegese: (a) Kuwajiban langganan sing muncul amarga Bagean 2 (Data Sampeyan lan Kuwajiban Sampeyan); lan (b) planggaran saka salah siji pihak tumrap kuwajibane ing Bagean 5 (Kerahasiaan) nanging ora kalebu klaim sing gegandhengan karo Data Sampeyan.
    3. Watesan ing Bagean 8 iki bakal tetep lan ditrapake sanajan upaya ukum sing diwatesi, sing ditemtokake ing Perjanjian iki gagal nggayuh tujuan pentinge, lan pihak-pihak kuwi setuju yen ora ana pihak sing matesi utawa ora ngatutake kuwajibane tumrap apa wae sing ora bisa diwatesi utawa ora dikatutake dening ukum. Sampeyan ngakoni lan setuju yen sarat Workplace kita didhasarake marang asumsi yen kuwajiban kita diwatesi kayadene diatur ing Perjanjian iki.
  9. Sarat lan Tumindak Ngendhegake
    1. Sarat. Perjanjian iki bakal diwiwiti ing tanggal sampeyan ngakses instance Workplace sing pisanan lan terus nganti diendhegake kayadene diidinake ing dokumen iki (“Sarat”).
    2. Tumindak Ngendhegake kanggo Kenyamanan. Tanpa nyuda hak ngendhegake sampeyan adhedhasar paragraf 2.d saka Adendum Pamrosesan Data, sampeyan bisa ngendhegake Perjanjian iki kapan wae, tanpa alasan utawa nganggo alasan, sawise wara-wara telung puluh (30) dina sadurunge menyang Meta dening admin sampeyan sing milih kanggo mbusak instance Workplace sampeyan ing sajrone produk. Meta bisa uga ngendhegake Perjanjian iki kapan wae, tanpa alasan utawa nganggo alasan, sawise menehi wara-wara telung puluh (30) dina sadurunge menyang sampeyan.
    3. Tumindak Ngendhegake lan Nangguhake Meta. Meta nduwe hak kanggo ngedhegake Perjanjian iki kanthi wara-wara sing wajar menyang sampeyan utawa langsung nangguhake akses sampeyan menyang Workplace yen sampeyan nglanggar Perjanjian iki utawa yen kita nganggep tumindak kuwi dibutuhake kanggo nyegah bebaya marang kaamanan, stabilitas, kasedhiyan, utawa integritas Workplace.
    4. Mbusak Data Sampeyan. Meta bakal mbusak Data Sampeyan sak cepete sawise ngendhegake Perjanjian iki, nanging sampeyan mangerteni yen konten sing dibusak bisa uga tetep ana ing salinan cadhangan nganti periode wektu sing wajar nalika tumindak mbusak kuwi dileksanakake. Kayadene diatur ing Bagean 2.e, sampeyan nduwe tanggung jawab dhewe kanggo nggawe cadhangan Data Sampeyan kanggo tujuan sampeyan dhewe.
    5. Efek Tumindak Ngendhegake. Sawise ngendhegake Perjanjian iki: (a) sampeyan lan pangguna sampeyan kudu langsung mandheg nggunakake Workplace; (b) miturut panjalukan Pihak sing Mbukak, lan manut karo 9.d, Pihak Panampa bakal sak cepete mbalekake utawa mbusak Informasi Rahasia Pihak sing Mbukak sing diduweni; (c) sampeyan bakal sak cepete mbayar Meta tumrap kabeh beya sing durung dibayar sadurunge tumindak ngendhegake; (d) yen Meta ngendhegake Perjanjian iki tanpa alasan miturut Bagean 9.b, Meta bakal mbalekake dana sampeyan kanthi jumlah rata-rata saka beya prabayar (yen ditrapake); lan (e) Bagean ing ngisor bakal tetep ditrapake: 1.c (Watesan), 2 (Panggunaan Data Sampeyan lan Kuwajiban Sampeyan) (sak liyane lisensi Meta tumrap Data Sampeyan ing Bagean 2.a), 3.b (Pambukaan Informasi Ukum lan Panjalukan Pihak Katelu), 4 (Pambayaran) nganti 12 (Dhefinisi). Kajaba ditemtokake ing Perjanjian iki, tumindak ukum pihak endi wae, kalebu tumindak ngendhegake, ora nyuda upaya pamulihan liyane sing bisa uga diduweni adhedhasar Perjanjian iki, dening ukum utawa suwalike.
  10. Akun Facebook Liyane
    1. Akun Pribadhi. Supaya ora mamang, akun Pangguna beda saka akun pribadhi sing bisa uga digawe Pangguna ing layanan Facebook konsumen (“Akun Pribadhi FB”). Akun pribadhi FB ora manut karo Perjanjian iki, nanging manut karo sarat Meta kanggo layanan kasebut, antarane Meta lan pangguna sing relevan.
    2. Workplace lan Pariwara. Kita ora bakal nampilake pariwara pihak katelu menyang Pangguna sampeyan ing Workplace lan kita ora bakal nggunakake Data Sampeyan kanggo nyedhiyakake utawa nargetake pariwara menyang Pangguna sampeyan utawa kanggo nindakake personalisasi pangalaman Pangguna ing Akun FB Pribadhine dheweke. Nanging, Meta bisa nggawe pariwara in njero prodhuk utawa ngabari adminstrator sistem babagan fitur, integrasi, utawa fungsi sing gegandhengan karo Workplace.
  11. Umum
    1. Owah-owahan. Meta bisa ngganti sarat Perjanjian lan kabijakan iki sing dirujuk utawa digabungake dening Perjanjian iki kapan wae, kalebu nanging ora diwatesi kanggo Adendum Pamrosesan Data lan Adendum Transfer Data (supaya manut karo ukum palindhungan data sing ditrapake), Adendum Kaamanan Data, lan Kabijakan Panggunaan sing Bisa Ditampa, kanthi nyedhiyakake wara-wara menyang sampeyan liwat email, liwat layanan, utawa cara liyane sing wajar (“Owah-owahan”). Kanthi nerusake nggunakake Workplace patbelas (14) dina sawise wara-wara kita, sampeyan setuju marang Owah-owahan kuwi.
    2. Aturan Pamarentah. Perjanjian iki lan panggunaan Workplace dening sampeyan sarta Pangguna sampeyan lan klaim apa wae sing bisa uga muncul antarane sampeyan lan kita, diatur, lan kudu ditapsirake miturut, ukum Amerika Serikat lan Negara Bagean California, kaya sing ditrapake, tanpa ngaruh marang prinsip-prinsip konflik ukume dheweke. Saben klaim utawa sabab tumindak sing muncul utawa sing gegandhengan karo Perjanjian utawa Workplace iki kudu diwiwiti kanthi eksklusif ing AS. Pengadilan Distrik kanggo Distrik Lor California utawa pengadilan negara bagean sing manggon ing San Mateo County, lan saben pihak nyetujoni yurisdhiksi pribadhi pengadilan kuwi.
    3. Kabeh Perjanjian. Perjanjian iki (sing nyakup Kabijakan Panggunaan sing Bisa Ditampa) yaiku kabeh perjanjian antarane pihak-pihak sing gegandhengan karo akses sampeyan lan panggunaan Workplace sarta ngganti pranyatan utawa perjanjian sadurunge sing gegandhengan karo Workplace. Judhul mung kanggo kenyamanan, lan istilah kayata “kalebu” kudu ditapsirake tanpa watesan. Perjanjian iki ditulis ing basa Inggris (AS), sing bakal ngontrol konflik ing versi jarwan apa wae.
    4. Tampikan lan Prakara Bisa Dipisahake. Gagal negakake sarat ora bakal dianggep tampikan, tampikan kudu diwenehi tapak asta sing ditulis dening pihak sing ngeklaim wis ditampik. Saben sarat utawa sarat ing wujud pesenan tetukon Langganan utawa bisnis ora bakal ngubah Perjanjian iki lan ditolak kanthi cetha, lan dokumen kaya kuwi mung bakal kanggo tujuan administratif. Yen ana sarat ing Perjanjian iki sing diputusake dening pengadilan kanthi yurisdhiksi sing kompeten minangka ora bisa dileksanakake, ora sah, lan ora cocog karo ukum, sarat mau bakal ditapsirake kanggo nggayuh tujuan sing dimaksudake kanthi saapik-apike lan sarat liyane ing Perjanjian iki bakal tetep ditrapake.
    5. Publisitas. Saben siaran pers utawa kampanye pamasaran babagan ubungan antarane pihak-pihak mbutuhake pasetujon sing katulis saka kaloro pihak kuwi sadurunge. Nanging: (a) sajrone perusahaan sampeyan dhewe, sampeyan bisa nerbitake utawa mromosekak panggunaan Workplace sajrone Jangka Wektu (conto, kanggo ngajak adopsi Pangguna), sing manut karo pandhuan panggunaan merek Meta sing terus disedhiyakake, lan (b) Meta bisa menehi referensi jeneng lan status sampeyan minangka langganan Workplace.
    6. Panetepan. Ora ana pihak sing bisa netepake Perjanjian iki utawa hak utawa kuwajibane miturut Perjanjian iki tanpa pasetujon katulis sadurunge saka pihak liyane, kajaba Meta bisa netepake Perjanjian iki tanpa pasetujon menyang Afiliasine utawa sing gegandhengan karo merger, reorganisasi, akuisisi, utawa pangalihan saka kabeh utawa kanthi substansial kabeh aset utawa sekuritas votinge dheweke. Gumantung marang sing kasebut ing ndhuwur, Perjanjian iki bakal ngiket lan trap kanggo kapentingan penerus lan pihak sing diidini. Panetepan sing ora diidini dibatalake lan ora bakal ngasilake kuwajiban ing Meta.
    7. Kontraktor Independen. Pihak-pihak kuwi kontraktor independen. Ora ana agensi, pamitran, joint venture, utawa penggawean sing digawe minangka asil Perjanjian iki lan ora ana pihak sing nduwe wewenang ngiket pihak liyane.
    8. Ora Ana Panampa Pihak Katelu. Perjanjian iki nguntungake Meta lan Langganan lan ora ana panampa pihak katelu sing dituju, kalebu Pangguna endi wae.
    9. Wara-wara. Nalika sampeyan ngendhegake Perjanjian iki miturut Bagean 9.b, sampeyan kudu ngabari Meta liwat administrator sistem sampeyan sing milih kanggo mbusak instance Workplace ing sajrone prodhuk. Wara-wara liyane miturut Perjanjian iki kudu ditulis, sing kudu dikirim menyang Meta ing alamat ing ngisor (yen ditrapake): ing prakara Meta Platforms Ireland Ltd, menyang 4 Grand Canal Square, Dublin 2, Ireland, Attn: Ukum lan, ing prakara Meta Platforms Inc, menyang 1 Hacker Way, Menlo Park, CA 94025 USA, Attn: Bageyan Ukum. Meta bisa ngirim wara-wara menyang alamat email ing akun Langganan. Meta bisa uga menehi wara-wara operasional sing gegandhengan karo Workplace utawa wara-wara liyane sing gegandhengan karo bisnis liwat pesen menyang Pangguna ing sajrone Workplace utawa postingan sing nyolok ing sajrone Workplace.
    10. Subkontraktor. Meta bisa nggunakake subkontraktor lan ngidine dheweke kanggo nggunakake hak Meta miturut Perjanjian iki, nanging Meta tetap nduwe tanggung jawab tumrap manute subkontraktor kuwi tumrap Perjanjian iki.
    11. Force Majeure. Ora ana pihak sing bakal tanggung jawab marang pihak liyane tumrap panundhan utawa gagal nindakake kuwajiban miturut Perjanjian iki (kajaba amarga gagal mbayar beya) yen panundhan utawa gagal kuwi amarga kedadeyan sing ora dinyana, sing kedadeyan sawise menehi tapak asta Perjanjian iki lan ora bisa dikontrol kanthi wajar dening pihak-pihak kuwi, kayata pemogokan, blokade, perang, tumindak terorisme, gegeran, bencana alam, daya listrik utawa telekomunikasi utawa jaringan data utawa layanan sing gagal utawa suda, utawa tumindak nolak lisensi utawa otorisasi dening lembaga utawa entitas pamarentah.
    12. Situs Web Pihak Katelu. Workplace bisa uga ngamot sesambungan menyang situs web pihak katelu. Iki ora nuduhake dhukungan kita kanthi samar tumrap situs web endi wae lan kita ora nduwe tanggung jawab tumrap tumindak, konten, informasi, utawa data situs web pihak katelu utawa tumindak utawa sesambungan apa wae ing njerone, utawa owah-owahan utawa panganyaran marang kuwi. Situs web pihak katelu bisa nyedhiyakake sarat lan katemtuan panggunaan sarta privasi dhewe sing ditrapake marang sampeyan lan Pangguna sampeyan lan panggunaan sampeyan tumrap situs web pihak katelu kuwi ora diatur dening Perjanjian iki.
    13. Kontrol Ekspor lan Sanksi Dagang. Nalika nggunakake Workplace, Langganan setuju manut karo kabeh ukum ekspor lan impor sarta paugeran Amerika Serikat sarta yurisdhiksi liyane sing ditrapake, lan sanksi utawa watesan dagang sing ditrapake. Tanpa matesi, Langganan sadurunge nyatakake lan njamin yen : (a) ora kadhaptar minangka pihak sing dilarang utawa diwatesi ing dhaptar pamarentah AS; (b) ora manut karo PBB, AS, UE, utawa sanksi ekonomi utawa watesan dagang; lan (c) ora nduwe operasi utawa Pangguna ing negara-negara sing kena sanksi dagang US sing komprehensif.
    14. Katemtuan babagan Panggunaan Entitas Pamarentah. Yen sampeyan Entitas Pamarentah, sampeyan nyatakake yen: (i) ora ana ukum, kabijakan, utawa prinsip sing ditrapake, sing matesi sampeyan nyetujoni lan nindakake, utawa nampa kinerjane, salah siji sarat utawa katemtuan Perjanjian iki, (ii) ora ana ukum, kabijakan, utawa prinsip-prinsip sing ditrapake, sing ndadekake sarat utawa katemtuan Perjanjian iki ora bisa ditrapake tumrap sampeyan utawa Entitas Pamarentah sing ditrapake, (iii) sampeyan nduwe wewenang, lan nduwe kapasitas ukum miturut ukum, kabijakan, lan prinsip-prinsip sing ditrapake kanggo nyatakake lan ngiket Entitas Pamarentah sing ditrapake menyang Perjanjian iki; lan (iv) sampeyan mlebu Perjanjian iki adhedhasar keputusan sing netral babagan manpangat Workplace kanggo sampeyan lan Pangguna sampeyan sarta ora ana tumindak sing ora pantes utawa konflik kepentingan sing ngaruh marang keputusan sampeyan mlebu ing Perjanjian iki. Aja mlebu ing Perjanjian iki yen sampeyan ora bisa nggawe pranyatan ing Bagean 11.n iki. Yen Entitas Pamarentah sing mlebu ing Perjanjian iki nglanggar Bagean 11.n iki, Meta bisa milih kanggo ngendhegake Perjanjian iki.
    15. Bakul. Sampeyan bisa milih kanggo ngakses lan nggunakake Workplace liwat Bakul. Yen sampeyan ngakses lan nggunakake Workplace liwat Bakul, sampeyan dhewe kudu tanggung jawab kanggo; (i) hak lan kuwajiban apa wae ing Perjanjian sampeyan sing ditrapake karo Bakul sampeyan, lan (ii) antarane sampeyan lan Meta, akses apa wae dening Bakul menyang instance Workplace sampeyan, Data Sampeyan, lan akun Pangguna apa wae sing bisa uga sampeyan gawe kanggo Bakul sampeyan. Sak liyane kuwi, yen sampeyan ngakses lan nggunakake Workplace liwat Bakul, sampeyan setuju yen Sarat Langganan Bakul bakal didhisikake tinimbang sarat sing konflik ing Perjanjian iki.
  12. Dhefinisi
    Ing Perjanjian iki, kajaba dinyatakake suwalike:
    "Kabijakan Pangguaan sing Bisa Ditampa" tegese aturan kanggo nggunakake Workplace sing ditemokake ing www.workplace.com/legal/FB_Work_AUP, sing bisa uga diganti sadawane wektu.
    "Afiliasi" tegese entitas sing kanthi langsung utawa ora langsung nduwe utawa ngontrol, diduweni utawa dikontrol utawa ana ing kapemilikan utawa kontrol umum karo sawijining pihak, yen “kontrol” tegese kekuwatan kanggo ngarahake pangelolaan utawa kepentingan entitas, lan “kapemilikan” tegese kapemilikan sing nguntungake sing gedhene 50% (utawa, yen yurisdhiksi sing ditrapake ora ngidini kapemilikan mayoritas, jumlah maksimum sing diidini miturut ukum kasebut) utawa luwh saka sekuritas swarane entitas utawa hak swara sing jumlahe padha. Kanggo tujuan dhefinisi iki, Entitas Pamarentah dudu afiliasi Entitas Pamarentah liyane kajaba Entitas kuwi ngontrol Entitas Pamarentah liyane ing sakabehe.
    Adendum Pamrosesan Data” tegese adendum pamrosesan data sing dilampirake, lan dadi bageyan saka, Perjanjian iki, kalebu kabeh sarat sing direferensi ing kene.
    Adendum Kaamanan Data” tegese adendum kaamanan data sing dilampirake, lan dadi bagean saka, Perjanjian iki.
    "Entitas Pamarentah" tegese saben negara utawa yurisdhiksi ing ndonya, kalebu tanpa watesan negara bagean, lokal, kutha, regional, utawa unit liyane utawa subdivisi pulitik pamarentah, organisasi pamarentah, lembaga, perusahaan, utawa entitas liyane sing diadegake, diduweni, utawa dikontrol dening pamarentah kuwi, lan saben perwakilan utawa agen saka prakara sing disebutake ing ndhuwur.
    "Ukum" tegese kabeh ukum lokal, negara bagean, federal, lan internasional, aturan lan konvensi sing ditrapake, kalebu, tanpa watesan ukum sing gegandhengan karo privasi data lan transfer data, komunikasi internasional, teknik eksportasi utawa data pribadhi, lan tetukon umum.
    "Bakul" tegese mitra pihak katelu sing nduwe perjanjian sing valid karo Meta sing ngidini dheweke adol maneh lan menehi fasilitas akses menyang Workplace.
    "Sarat Langganan Bakul" tegese sarat sing ditemokake ing https://www.workplace.com/legal/FB_Work_ResellerCustomerTerms, sing bisa dianyarake sadawane wektu, lan dadi bagean Perjanjian iki, lan dadi sarat tambahan antarane pihak-pihak sing ditrapake kanggo sampeyan, yen sampeyan ngakses lan nggunakake Workplace liwat Bakul.
    "Pangguna" tegese salah siji saka karyawan utawa Afiliasi sampeyan, kontraktor utawa individu liyane sing sampeyan wenehi idin ngakses Workplace.
    "Workplace" tegese layanan Workplace sing kita sedhiyakake kanggo sampeyan miturut Perjanjian iki, lan saben versi sabanjure saka kuwi, kalebu situs web, aplikasi, layanan online, alat, lan konten sing bisa uga kita sedhiyakake kanggo sampeyan miturut Perjanjian iki, sing bisa dimodifikasi sadawane wektu.
    "Data Sampeyan" tegese (a) saben informasi kontak utawa jaringan utawa data pandhaptaran akun sing sampeyan utawa Pangguna sampeyan kirim menyang Workplace; (b) konten utawa data apa wae sing sampeyan utawa Pangguna sampeyan terbitake, posting, andumake, impor, utawa sedhiyakake ing Workplace; (c) informasi sing kita klumpukake nalika sampeyan utawa Pangguna sampeyan ngontak utawa interaksi karo kita kanggo njaluk dhukungan sing gegandhengan karo Workplace, kalebu informasi babagan perangkat keras, perangkat lunak, lan rincian liyane sing diklumpukake, sing gegandhengan karo kedadeyan dhukungan; lan (d) saben panggunaan utawa informasi fungsional (conto, alamat IP, jinis browser lan sistem operasi, sarta pangidhentifikasi perangkat) tanpa ndeleng carane Pangguna interaksi karo Workplace.
    "Kabijakan Sampeyan" tegese salah siji saka karyawan, sistem, privasi, SDM, komplain utawa kabijakan liyane sing ditrapake.







Adendum Pamrosesan Data

  1. Dhefinisi
    Ing sajrone Adendum Pamrosesan Data iki, “GDPR” tegese General Data Protection Regulation (Aturan Palindhungan Data Umum (Aturan (EU) 2016/679)), lan “Pangontrol”, “Pamroses Data”, “Subjek Data”, “Data Pribadhi”, “Planggaran Data Pribadhi” lan “Pamrosesan” kudu nduwe teges sing padha karo sing ditemtokake ing GDPR. “Diproses” lan “Proses” kudu ditapsirake miturut dhefinisi “Pamrosesan”. Referensi menyang GDPR lan sarate kalebu GDPR sing wis diamandemen lan dilebokake ing ukum Inggris. Kabeh istilah liyane sing ditemtokake ing dokumen iki bakal nduwe teges sing padha karo sing ditemtokake ong panggonan liyane ing Perjanjian iki.
  2. Pamrosesan Data
    1. Kanggo ngleksanakake kagiyatane minangka Pamroses miturut Perjanjian iki sing gegandhengan karo Data Pribadhi liyane ing sajrone Data Sampeyan (“Data Pribadhi Sampeyan”), Meta negesake yen:
      1. durasi, subjek sing penting, sipat, lan tujuan pamrosesan kudu miturut sing ditemtokake ing Perjanjian;
      2. jinis Data Pribadhi sing Diproses kudu kalebu data sing ditemtokake ing dhefinisi Data Sampeyan;
      3. kategori Subjek Data kalebu perwakilan sampeyan, Pangguna, lan individu liyane sing diidhentifikasi utawa bisa diidhentifikasi dening Data Pribadhi Sampeyan; lan
      4. kuwajiban lan hak sampeyan minangka Pangontrol Data sing gegandhengan karo Data Pribadi Sampeyan kuwi ditetepake ing Perjanjian iki.
    2. Yen Meta Mroses Data Pribadhi Sampeyan miturut utawa sing gegandhengan karo Perjanjian, Meta bakal:
      1. mung Mroses Data Pribadhi sampeyan miturut pituduh sing ditetepake miturut Perjanjian iki, kalebu sing gegandhengan karo transfer Data Pribadhi Sampeyan, sing manut karo pangecualian sing diidini dening Pasal 28(3)(a) saka GDPR;
      2. Mesthekake yen karyawan sing diwenehi wewenang Mroses Data Pribadhi Sampeyan miturut Perjanjian iki nduwe komitmen njaga rahasia utawa nduwe kuwajiban njaga rahasia miturut undang-undang sing gegandhengan karo Data Pribadhi Sampeyan;
      3. nrapake langkah-langkah teknis lan organisasional sing ditetepake ing Adendum Kaamanan Data;
      4. ngurmati kahanan sing dirujuk ing ngisor ing Bagean 2.c lan 2.d saka Adendum Pamrosesan Data nalika nunjuk sub-Pamroses;
      5. mbantu sampeyan kanthi langkah-langkah teknis lan organisasional, yen iki bisa ditindakake liwat Workplace, supaya sampeyan bisa netepi kuwajiban kanggo nanggepi panjalukan anggone ngleksanakake hak dening Subjek Data miturut Bab III GDPR;
      6. mbantu sampeyan mesthekake anggone manut karo kuwajiban miturut Pasal 32 nganti 36 GDPR kanthi mratimbangake sipat Pamrosesan lan informasi sing kasedhiya kanggo Meta;
      7. ing prakara ngendhegake Perjanjian, mbusak Data Pribadhi miturut Perjanjian kajaba yen ukum Uni Eropa utawa Negara Bagean Anggota majibake Data Pribadi supaya disimpen;
      8. nyedhiyakake informasi kanggo sampeyan kaya sing diterangake ing Perjanjian iki lan liwat Workplace kanggo netepi kuwajiban Meta supaya nyedhiyakake kabeh informasi sing dibutuhake kanggo nuduhake yen manut karo kuwajiban Meta miturut Pasal 28 GDPR; lan
      9. saben taun, mesthekake yen auditor pihak katelu pilihan Meta nindakake SOC 2 Tipe II utawa audit standar industri liyane sing dikontrol Meta sing gegandhengan karo Workplace, auditor pihak katelu kuwi diwenehi amanat dening sampeyan. Miturut panjalukan sampeyan, Meta bakal nyedhiyakake salinan lapuran audit paling anyar menyang sampeyan lan lapuran kuwi bakal dianggep Informasi Rahasia Meta.
    3. Sampeyan menehi idin Meta menehake subkotrak kuwajiban Pamrosesan datane miturut Perjanjian iki menyang Afiliasi Meta, lan menyang pihak katelu liyane, dhaptar sing bakal diwenehake Meta menyang sampeyan miturut panjalukan sampeyan sing katulis. Meta bakal nindakake prakara kuwi liwat perjanjian sing katulis karo sub-Pamroses kuwi sing mbebanake kuwajiban palindhungan data pada karo sub-Pamroses kayadene sing dibebanake menyang Meta miturut Perjanjian iki. Yen sub-Pamroses gagal netepi kuwajiban kuwi, Meta isih tetep nduwe tanggung jawab sakabehe marang sampeyan babagan tumindak ngleksanakake kuwajiban palindhungan data sub-Pamroses kuwi.
    4. Yen Meta nggunakake sub-Pamroses tambahan utawa pengganti, Meta kudu ngabari sampeyan babangan sub-Pamroses tambahan utawa pengganti kuwi paling suwe patbelas (14) dina sadurunge panunjukan sub-Pamroses tambahan utawa pengganti kuwi. Sampeyan bisa nolak ngatutake sub-Pamroses tambahan utawa pengganti kuwi ing sajrone patbelas (14) dina sawise dikabari dening Meta kanthi langsung ngendhegake Perjanjian ing wara-wara katulis menyang Meta.
    5. Meta kudu ngabari sampeyan tanpa panundhan sing ora sak mesthine sawise ngerteni Planggaran Data Pribadhi sing gegandhengan karo Data Pribadhi Sampeyan. Pameling kuwi kudu ngatutake, ing wektu menehi pameling utawa sak cepete sing bisa sawise pameling dikabarake, rincian Planggaran Data Pribadhi sing relevan yen bisa, kalebu jumlah cathetan sing kena pengaruh, kategori lan jumlah kira-kira Pangguna sing kena pengaruh, antisipasi konsekuensi saka planggaran lan saben tumindak ndandani, nalika ditrapake, kanggo ngatasi kamungkinan efek palanggaran sing suwalike.
    6. Nganti GDPR utawa ukum palindhungan data ing EEA, Inggris, utawa Swiss ditrapake menyang Pamrosesan Data Sampeyan miturut Adendum Pamrosesan Data iki, Adendum Transfer Data Eropa ditrapake menyang transfer data dening Meta Platforms Ireland Ltd lan dadi bagean, lan digabungake kanthi referensi, Adendum Pamrosesan Data.
  3. Sarat Pamrosesan AS
    1. Nganti Sarat Pamrosesan Meta AS nrapake yen dheweke bakal dadi bagean saka, lan digabungake kanthi referensi menyang Perjanjian iki, kajaba Bagean 3 (Kuwajiban Perusahaan) sing ora dikatutake kanthi teges.









Adendum Kaamanan Data

  1. Latar Mburi lan Tujuan
    Dokumen iki nerangake sarat kaamanan minimum sing ditrapake menyang sarat Workplace Meta kanggo sampeyan.
  2. Sistem Manajemen Kaamanan Informasi
    Meta wis nggawe lan bakal njaga Sistem Manajemen Kaamanan Informasi (Information Security Management System (ISMS)) sing dirancang kanggo nrapake praktik kaamanan informasi standar industri kanggo panyedhiyaan Workplace. ISMS Meta dirancang kanggo nglindhungi tumrap akses sing ora sah, pambukaan informasi, panggunaan, kelangan, utawa tumindak ngowahi Data Sampeyan.
  3. Proses Manajemen Risiko
    Kaamanan informasi lan fasilitas pamrosesan informasi, kalebu infrastruktur TI lan fasilitas fisik, kudu didhasarake marang evaluasi risiko. Evaluasi risiko Workplace bakal ditindakake kanthi rutin.
  4. Kaamanan Informasi Organisasi
    Meta nduwe petugas Kaamanan sing ditunjuk kanthi tanggung jawab marang kaamanan organisasi kanthi sakabehe. Meta nduwe pegawe sing ditunjuk, sing nduwe tanggung jawab kanggo ngawasi kaamanan instance Workplace sampeyan.
  5. Kaamanan Fisik lan Lingkungan
    Langkah-langkah kaamanan Meta kudu ngatutake kontrol sing dirancang kanggo menehi jaminan sing wajar yen akses menyang fasilitasi pamrosesan fisik kuwi diwatesi kanggo wong sing nduwe wewenang lan kontrol ditetepake kanggo ndheteksi, nyegah, lan ngontrol karusakan amarga bebaya lingkungan. Kontrol kuwi kalebu:
    Kontrol kuwi kalebu:
    • Nyathet utawa nindakake audit kabeh akses fisik menyang fasilitas pamrosesan data dening karyawan lan kontraktor;
    • Sistem pangawasan kamera ing titik mlebu sing penting menyang fasilitas pamrosesan data;
    • Sistem sing ngawasi lan ngotrol suhu lan kelembapan kanggo piranti komputer; lan
    • Catu daya lan generator cadhangan.
    Meta kudu nrapake prosedur standar industrik kanggo mbusak utawa mbuwang data kanthi aman ing media elektronik, miturut Perjanjian.
  6. Pamisahan
    Meta bakal nggawe mekanisme teknis sing dirancang kanggo njamin yen Data Sampeyan kanthi logika dipisahake saka data langganan liyane lan Data Sampeyan mung kasedhiya kanggo pangguna sing nduwe wewenang.
  7. Pegawe
    1. Latihan
      Meta kudu njamin yen kabeh karyawan sing nduwe akses menyang Data Sampeyan nglakoni latihan kaamanan.
    2. Panyaringan lan Pamriksaan Latar Mburi
      Meta Kudu:
      • Nduwe proses kanggo verifikasi identitas pegawe sing kerja karo instance Workplace sampeyan.
      • Nduwe proses kanggo nindakake pamriksaan latar mburi marang pegawe sing kerja karo instance Workplace sampeyan miturut standar Meta.
      Meta kudu nyedhiyakake kertu ID pribadhi karo gambar lan jeneng sing katulis marang kabeh pegawe sing kerja karo instance Workplace sampeyan. Kertu ID kudu wajib dituduhake kanggo mlebu kabeh fasilitas Meta.
    3. Palanggaran Kaamanan Pegawe
      Meta bakal netepake sanksi kanggo akses sing ora sah utawa ora diidini menyang Data Sampeyan dening pegawe Meta, kalebu ukuman lan kalebu tumindak ngendhegake.
  8. Pengujian Kaamanan
    Meta kudu ngleksanakake pengujian kaamanan lan kerentanan kanggo ngevaluasi apa kunci penting wis ditrapake kanthi bener lan efektif.
  9. Kontrol Akses
    1. Pangaturan Sandi Pangguna
      Meta kudu nduwe proses sing tetep kanggo Pangaturan Sandi Pangguna, sing dirancang kanggo njamin sandi nduwe sipat pribadhi lan ora bisa diakses dening wong sing ora sah, kalebu upaya sing minimal:
      • Nyedhiyakake sandi, kalebu nindakake verifikasi identitas pangguna sadurunge nggawe sandi anyar, ngganti, utawa sandi sauntara.
      • Nindakake enkripsi sandi nalika disimpen ing sistem komputer utawa nalika lagi transit liwat jaringan.
      • Ngganti kabeh sandi gawan saka vendor.
      • Sandi sing kuwat dibandingake tujuan panggunaane.
      • Kesadharan pangguna.
    2. Pangaturan Akses Pangguna
      Meta bakal nrapake proses kanggo ngganti lan/utawa njabut hak akses lan ID pangguna, tanpa nundha. Meta kudu nduwe prosedur kanggo nglapurake lan njabut akses kredensial akses sing dibobol (sandi, token, lsp.) 24/7. Meta kudu ngetrapake log kaamanan sing trep kalebu id pangguna lan stempel wektu. Jam kudu disinkronake karo NTP.
      Kedadeyan minimal ing ngisor kudu dicathet ing log:
      • Owah-Owahan Otorisasi;
      • Otentikasi sing gagal lan kasil sarta upaya akses; lan
      • Operasi maca lan nulis.
  10. Kaamanan Komunikasi
    1. Kaamanan Jaringan
      Meta kudu nggunakake teknologi sing konsisten karo standar industri kanggo pamisahan jaringan.
      Akses jaringan saka adoh mbutuhake komunikasi sing dienkripsi kanthi panggunaan protokol sing aman, lan panggunaan otentikasi akeh-faktor.
    2. Palindhungan Data ing Transit
      Meta bakal nggunakake protokol sing cocog, sing dirancang kanggo nglindhungi rahasiane data nalika lagi transit liwat jaringan umum.
  11. Kaamanan Operasional
    Meta bakal ngedhegake lan njaga kerentangan program manajemen kanggo Workplace sing ngatutake dhefinisi peran lan tanggung jawab, kapemilikan khusus tumrap pangawasan kerentangan, evaluasi risiko kerentangan lan nrapake patch.
  12. Manajemen Kedadeyan Kaamanan
    Meta kudu netepake lan njaga rencana tanggapan kedadeyan kaamanan kanggo ngawasi, ndheteksi, lan nangani kamungkinan kedadeyan kaamanan sing ngaruh marang instance Workplace sampeyan. Rencana tanggapan kedadeyan kaamanan minimal kudu nyakup dhefinisi peran lan tanggung jawab, komunikasi lan tinjoan post mortem, kalebu analisis sebab kawitan lan rencana remediasi.
    Meta bakal ngawasi Workplace tumrap planggaran kaamanan lan aktivitas jahat. Proses pangawasan lan teknik dheteksi kudu dirancang supaya bisa ndheteksi kedadeyan kaamanan sing ngaruh marang instance Workplace miturut ancaman sing relevanlan intelijen ancaman sing lagi kedadeyan.
  13. Kontinuitas Bisnis
    Meta kudu njaga rencana kontinuitas bisnis kanggo nanggapi kahanan darurat utawa kahanan kritis liyane sing bisa ngrusak instance Workplace sampeyan. Meta kudu kanti formal ninjo rencana kontinuitas bisnise paling ora setaun sepisan.
Pungkasan dianyarake: 27 Maret 2023