Kabijakan Privasi Workplace


Workplace from Meta yaiku platform online saka Meta sing ngidini pangguna kerja bareng lan ngandumake informasi ing panggonan kerja. Platform Workplace kalebu situs web lan aplikasi Workplace sarta layanan online sing gegandhengan, bebarengan diarani "Layanan".
Kabijakan Privasi iki njlentrehake kepiye informasi sampeyan diklumpukake, digunakake, lan diandumake nalika sampeyan nggunakake Layanan.
Layanan iki dimaksudake kanggo digunakake dening organisasi lan selaras karo pituduh organisasi sarta disedhiyakake marang sampeyan dening juragan sampeyan utawa organisasi liya sing wis ngidini sampeyan ngakses menyang lan nggunakake Layanan (“Organisasi” sampeyan).
Layanan iki beda karo layanan Meta liya sing bisa uga sampeyan gunakake. Layanan Meta liya iku disedhiyakake kanggo sampeyan dening Meta lan diatur dening katemtuan saben layanan iku. Nanging, Layanan iki disedhiyakake dening Organisasi sampeyan lan diatur dening Kabijakan Privasi iki sarta Kabijakan Panggunaan Workplace sing Bisa Ditampa lan Kabijakan Cookie Workplace.
Organisasi sampeyan tanggung jawab marang lan ngatur akun Workplace sampeyan ("Akun Sampeyan"). Organisasi sampeyan uga tanggung jawab marang pangumpulan lan panggunaan data apa wae sing sampeyan kirim utawa sedhiyakake liwat Layanan lan panggunaan kasebut diatur dening katemtuan sing wis dimupakati dening Organisasi sampeyan karo Meta.
Saliyane Kabijakan Privasi iki, Organisasi sampeyan bisa duwe kode etik utawa kabijakan tambahan sing bakal ditrapake ing ubungane karo panggunaan Layanan sampeyan.
Yen sampeyan duwe pitakonan babagan panggunaan Layanan, ubungi Organisasi sampeyan.

I. Jinis informasi apa wae sing diklumpukake?
Organisasi sampeyan bakal nglumpukake jinis informasi kaya ing ngisor iki nalika sampeyan, kanca kerja sampeyan, utawa pangguna liya ngakses Layanan:
  • katrangan kontak sampeyan, kayata jeneng lengkap lan alamat email;
  • jeneng pangguna sampeyan lan sandi;
  • jabatan sampeyan, informasi departemen, lan informasi liya sing ana ubungane karo pagawean utawa Organisasi sampeyan;
  • konten, komunikasi, lan informasi liya saka sampeyan nalika nggunakake Layanan, kalebu nalika sampeyan ndaftar akun, nggawe utawa ngandumake konten, lan ngirim pesen utawa komunikasi marang wong liya. Iki bisa kalebu informasi ing utawa babagan konten saka sampeyan (kalebu metadata), kayata lokasi poto utawa tanggal nalika file kasebut digawe;
  • konten, komunikasi, lan informasi saka wong liya nalika dheweke nggunakake Layanan. Iki bisa kalebu informasi babagan sampeyan, kayata nalika wong iku ngandumake utawa ngomentari poto sampeyan, ngirim pesen marang sampeyan, utawa ngunggah, nyinkronake, utawa ngimpor katrangan kontak sampeyan;
  • kabeh komunikasi marang pangguna liya sing nggunakake Layanan;
  • komunikasi, masukan, saran, lan ide pangguna sing dikirim menyang Organisasi sampeyan;
  • informasi tagihan; lan
  • informasi saka sampeyan nalika sampeyan utawa Organisasi sampeyan ngubungi utawa nggunakake dhukungan platform sing gegandhengan karo Layanan.

II. Kepiye Organisasi sampeyan nggunakake informasi iki?
Organisasi sampeyan bakal ngandumake informasi sing diklumpukake karo Meta, minangka panyedhiya platform, kanggo ngidini Meta supaya nyedhiyakake lan ndhukung Layanan kanggo Organisasi sampeyan lan pangguna liya sarta miturut pituduh apa wae saka Organisasi sampeyan. Conto panggunaan kasebut kalebu:
  • sesambungan karo pangguna lan admin babagan panggunaan Layanan;
  • ngapikake kaamanan lan kaslametan Layanan kanggo Organisasi sampeyan lan pangguna liya, kayata nitipriksa kagiyatan sing nyalawadi utawa planggaran marang katemtuan utawa kabijakan sing ditrapake;
  • nindakake personalisasi pangalaman sampeyan lan Organisasi sampeyan minangka bagean saka katemtuan Layanan;
  • ngembangake fitur, produk, utawa layanan anyar sing kalebu ing Layanan kanggo Organisasi sampeyan;
  • nggandhengake kagiyatan ing Layanan ing kabeh piranti kang dioperasekake dening indhividhu sing padha kanggo ngapikake kabeh operasi Layanan;
  • ngenali lan ndandani bug sing bisa uga ana; lan
  • nganakake analisis data lan sistem, kalebu riset kanggo ngapikake Layanan.

III. Pangungkaban informasi
Organisasi sampeyan ngungkab informasi sing diklumpukake kanthi cara kaya mangkene:
  • marang panyedhiya layanan pihak katelu sing ngewangi nyedhiyakake Layanan utawa bagean saka Layanan;
  • menyang aplikasi, situs web, utawa layanan pihak katelu liyane sing sampeyan bisa sambungake liwat Layanan;
  • ing ubungane karo transaksi perusahaan sing substansial, kayata transfer Layanan, merger, konsolidasi, adol aset, utawa nalika kadadeyan sing arang kayata bangkrut utawa pailit;
  • kanggo njaga kaslametan sapa wae; kanggo ngatasi masalah apus-apus, kaamanan, utawa teknis; lan
  • ing ubungane karo surat prentah saka pengadilan, surat prentah penahanan, prentah pangungkaban informasi, utawa panjalukan utawa prentah liya saka badan penegakan ukum.

IV. Ngakses lan ngowahi informasi sampeyan
Sampeyan lan Organisasi sampeyan bisa ngakses, mbenerake, utawa mbusak informasi sing wis diunggah menyang Layanan nggunakake fitur ing jero Layanan (contone, ngowahi informasi profil sampeyan utawa liwat Log Kagiyatan). Yen sampeyan ora bisa nglakokake prakara iku nganggo fitur sing kasedhiya ing Layanan, sampeyan kudu ngubungi langsung Organisasi sampeyan supaya bisa ngakses utawa ngowahi informasi sampeyan.

V. Rangka Kerja Privasi Data EU-AS
Meta Platforms, Inc. wis duwe sertifikasi partisipasi ing UE-AS. Rangka Kerja Privasi Data. Kita ngandelake Rangka Kerja Privasi Data UE-AS, lan keputusan kecukupan Komisi Eropa sing gegandhengan, kanggo nransfer informasi menyang Meta Platforms, Inc. ing AS kanggo produk lan layanan sing ditemtokake ing sertifikasi kuwi. Kanggo ngentukake informasi luwih jangkep, tinjo Pangungkaban Rangka Kerja Privasi Data Meta Platforms, Inc.

VI. Sesambungan lan konten pihak katelu
Layanan iki bisa ugangamot pranala menyang konten sing diatur dening pihak katelu lan ora dikontrol Organisasi sampeyan. Sampeyan kudu ninjo kabijakan privasi saben situs web sing sampeyan bukak.

VII. Panutupan Akun
Yen sampeyan pengin mandheg nggunakake Layanan, sampeyan kudu ngubungi Organisasi sampeyan. Kayadene, yen sampeyan mandheg kerja kanggo utawa karo Organisasi, Organisasi bisa nangguhake Akun Sampeyan lan/utawa mbusak informasi apa wae sing ana ubungane karo Akun Sampeyan.
Biasane butuh wektu 90 dina kanggo mbusak akun sawise ditutup, nanging sawetara informasi bisa tetep ana ing salinan cadhangan ing sajroning wektu tartamtu sing wajar. Tulung digatekake menawa akun sing sampeyan gawe lan andumake ing Layanan iku duweke Organisasi sampeyan lan mungkin tetep ana ing Layanan sarta bisa diakses sanadyan Organisasi sampeyan nonaktifake utawa ngendhegake Akun Sampeyan. Ing cara mangkene, konten saka sampeyan ing Layanan iku padha karo konten jinis liyane (kayata presentasi utawa memo) sing sampeyan gawe sajroning nyambut gawe.

VIII. Owah-owahan Kabijakan Privasi
Kabijakan Privasi iki bisa dianyarake sadawane wektu. Nalika dianyarake, tanggal “pungkasan dianyarake" ing ngisor iki bakal diowahi lan Kabijakan Privasi sing anyar bakal diposting kanthi online.

IX. Kontak
Yen sampeyan duwe pitakonan apa wae babagan Kabijakan Privasi iki utawa Kabijakan Panggunaan Workplace sing Bisa Ditampa, ubungi Organisasi sampeyan liwat Admin Organisasi sampeyan.
Kanggo warga California, sampeyan bisa nyinaoni luwih jangkep babagan hak privasi langganan kanthi ngubungi Organisasi sampeyan liwat Admin Organisasi sampeyan.

Pungkasan dianyarake: 10 Oktober 2023